RESENSI
NOVEL
SER! RANDHA COCAK
SUPARTA
BRATA
Oleh:
FATKHUL IZAH
(2601413059)
UNIVERSITAS
NEGERI SEMARANG
2013
RESENSI NOVEL
1.
Identitas
Novel
Penulis : Suparto Brata
Penerbit
: NARASI
Th.
Terbit : 2009
Tebal : 292 hlm
ISBN : (10) 979-168-159-7/(13)
978-979-168-159-9
Domensi : 14,5x21 cm
Jenis
Kertas : Buram
2.
Sinopsis
Buku
kumpulan Roman Telu SER! RANDHA COCAK dumadi saka roman cacah 3.
Ser!
Ser! Plong! Nyritakake Patut, diplomat sing baut
dansah, kepalyu mulih saka Amsterdam menyang Jakarta marga di email ibune yen
cah wadon Wangi Lestari, partner njoget dehk isih cilik, wis ketemu ing
Jakarta. Ya mung wong wadon siji kuwi sing diarah Patus dadi jatukramane,
nganti dilabuhi dadi jaka tuwa. Mudhun ing bandhara Soekarno-Hatta, kecanthol
karo Yuni Shara
Mbok
Randha Saka Jogya nyritakake Citraresmi, weton Asmi
Jogya, nglamar penggawean marang perusahaan pelayaran ing Surabaya, digawani
layang saka randhane swargi direktur utama perusahaan pelayaran mau, dianggap
KKN dening Dororini, sekretarise kantor pelayaran. Apa maneh kacetha ing CV-ne
Citraresmi wis duwe anak. Mesthine randha. Ning Citraresmi malah kaya dipacari
karo direktur utamane sing saiki. Dororini sangsaya panas atine.
Cocak
Nguntal Elo, lagi ana ing kamar mandhi, Jeng Sekar
nampa tilpun saka Makassar yen ramane seda ing pesawat terbang. Mlayu
kekintrangan metu saka kamar mandhi isih wuda blejed saking bingunge. La
kepriye, wong ora duwe keluwarga liya maneh.
3.
Unsur
Intrinsik
a. Tema
:
Romansa/Percintaan
Ser!Ser!Plong!
: tembunge Patut “Alah, kono kok ngerti wae. Nanging pancen bener kok aku mulih
iki sengaja golek pacangan. Dene yen ketemune lagi mak nyuk mudhun neng
bandhara, rak beja kemayangan. Karepku, ya mbak saka Narita, kowe!” (kaca 12).
Mbok
Randha Saka Jogya
:
tembunge Martiyas “La iya. Saiki pista nggandheng cah wedok. Gek ayu kaya aku.
Tegese ora kemba golek pasangan. Ben ora dikira yen awakmu kuwi ora payu.”
(kaca 83)
Cocak
Nguntal Elo : wangsulan sing sepisanan wis
njomblakake batin! Mawardi jalin krama maneh neng Surabaya! (kaca 239).
b. Latar
Tempat :
Ser!Ser!Plong! :
1.Bandara (Wangi mudhun ing terminal II, langsung melbu menyang Gate F)
2.
Studio
Joget (ing gedhong ana tulisane gedeh, Studio Joget INNAMORATA)
Mbok Randha Saka Jogya :
1. Kantor (“menika tamunipun, Pak!” ujare Dororini nglebokake tamun. Dheweke
dhewe ora ngeterake katut mlebu. Nutup lawang, terus balik menyang kursine)
2. Restoran (“o, taksih wonten Bu, Pak.
Panggenan taksih wonten. Mangga ing sisih mrika,” peladen restoran kanthi grapyak
menehake panggonan.
Cocak Nguntal Elo: 1.
Jedhing (terus lawang jedhing dibuka,
lengene Sekaripun sing nglegena kemlawe mejaba)
2. omah (Surahna teka omah Pasar Jumat nganggo
taksi)
3.
kuburan ( ing kuburan tanah kusir, isih rame-ramene layon dipetak. Wisnu
nylinthut menyang kantor pasarean)
c. Waktu :
Ser!Ser!Plong! : 1. Sore (jam papat
sore. Durung kasep manut ngendikane Ibu Kebon sirih. Patut numpak Garuda saka
nagara Walanda)
Mbok
Randha Saka Jogya : 1. Awan (“iki wis wayahe ngaso.
Kowe metu ora? Mangan neng ngendi?” martiyas ora ngrewes blas madawa dawa
katrangane bab tamu sing butarepake Dororini)
Cocak
Nguntal Elo : 1. Sore (mula mlah adhine loro pisan
dikon ngendhegake panggaweane rutin sore kuwi, dikon melu wae menyang pasar
jumat)
d. Suasana
:
Ser!Ser!Plong! : 1. Kusrung-kusrung/kesusu (amrik
kusrung-kusrung nggawa tas cangklonge menjero karo nyetitake nomor garis 13)
2. Lucu, gawe
gemuyu (wangi mung ngguyu kemekelen)
Mbok Randha Saka Jogya :
1. Ngageti (“heh! Sapa kae?! Pak Darbe edian! Karo utusane mbok randha saka
jogja!”)
Cocak Nguntal Elo :
1. Sedih (lawang jedhing dibukak, Sekar mlayu metu nggawa gagang telpone. Terus
marani sofa ruwang tengah karo jerit-jerit nangis, “bapak!! Bapaaak!!
Hiih-hiiiihhh!”
2.
tegang (“Mung ngono, thok? Edan tenan, Wisnu ki! La, kok malah ngece-ece,
kandha yen kowe ora duwe bapak maneh! Pengecut tenan, kok, Wisnu kuwi!” surahna
ngomong karo getem-getem.
3.
wangsulan sing sepisanan wis njomblakake batin! Mawardi jalin krama maneh neng
Surabaya!.
e.
Alur : Maju (penulis nyritakake kanthi runtut, kanggo sudut pandang orang
ketiga tunggal)
f.
Sudut pandang : Orang Ketiga Tunggal
(dicritakake nganggo jeneng uwong)
Ser!Ser!Plong! : Patut, Wangi
Lestari (Amrik), Wungu, minangka peran utama.
Mbok Randha Saka Jogya :
Citraresmi lan Dororini
Cocak Nguntal Elo: Sekar
lan Wisnu
g.
gaya bahasa :
1. nganggo bahasa ngoko : (wong
nggantheng kuwi melu nglirik polahe tangan kang ngelus bokong)
2. ana kang didelikake : (aja lali,
jenengmu saiki Wangi Lestari!)
3. konotatif : (atine jempalikan,
pikirani goreh)
h.
amanat :
Ser!Ser!Plong!
Nuladhani
sing maca supaya milih apa kang sing dipingini, percaya marang apa sing wis
ditulisake kanggo uripe dewe. Apa kang dipikir lan direncanake durung mesthi
padha karo kasunyatane. Aja seneng ngapusi, lan manut kang becik-becik wae.
Mbok
Randha Saka Jogya
Nuladhani
menungsa kuwi kudhu welas asih marang liyan. Aja seneng iren lan duweni dendam.
Aja seneng nudhuh sadurunge ana bukti.
Cocak
Nguntal Elo Nuladhani menawa aja seneng srakah, lan
pituduh. Nrima apa eneke, aja gampang manut, kudhu isoh bedhakake sing bener
lan sing salah. Aja gampang diapusi.
i.
Penokohan
Ser!Ser!Plong!
:
1. Patut
: Netepi apa kang dadi pepingine (“lo nanging aku wis kepincut karo Amrik ing
pesawat sanajan dheweke ngaku jeneng Yuni Shara! Sanajan dheweke jenenge dudu
Wangi Lestari! Dadi, aku wis dhemen manungsane!”)
2. Wangi
Lestari : Ora gampang ditebak, misterius (dialog patut karo Amrik “jeneng mu
sapa” ujare Patut, “Yuni shara” wangsulane Amrik)
3. Wungu
: Manut (“sakjatosipun ingkang tansah deg ser dheg ser menika rak kula, la wong
genah diutus wong tuwa malsu jeneng, malsu pribane wong liya. Tansah kuwatos
yen konangan”)
Mbok
Randha Saka Jogya :
1. Dororini
: a. Ala, perane Antagonis (“lonthe kurang ajar! Rasakna piwales amukku. Mati
dening aku, kowe ndhuuk!”)
b.Curigan (amarga uwis
ngira Citraresmi wis randha lan KKN)
2.
Citraresmi : a. Welas Asih : gelem ngepek Linggarmanik kang ditinggal dening
ibune, diopeni nganti gedhe)
Cocak
Nguntal Elo:
1. Wisnu
: okeh akale, kanthi panuture paraga liyan (“pak wisnu kuwi kaya kancil, kewan
legendaris Jawa sing kinocap sugih akal”)
2. Surahana
: ora gampang percaya (“Aku khawatir iki mung pokalane Wisnu wae! Perlu
didlidhiki!”)
4.
Kelebihan
Novel :
Novel
iki migunakake tembung-tembung konotatif kang ngundang kepinginan sing maca
karep ngerti artine. Bahasa kang dienggo ngoko kang dienggo sedina-dina.
5.
Kekurangan
Novel :
Novel
iki kedawan olehe nyeritakake bab sing kurang penting. Ceritane ora jelas.
6.
Saran
:
Kanggo
novel iki luwih becik menawa hemat tembung, lan runtututan ceritane rada digawe
jelas.
7.
Manfaat
:
Novel
iki manfaat kanggo ngibur sing maca, buka pikirane sing maca kanthi amba lan
isoh bedakake sing bener lan sing ora.
LAMPIRAN




Tidak ada komentar:
Posting Komentar