Mangga

Selasa, 16 Desember 2014

Cerkak



Swarga Impen
Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku  nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune biru katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarrga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara. 

Jakarta, Januari 2003
  Kapethik saka "Trubus saka Pang Garing" 
Pangubahan sak perlune dening Refano Pradana

Wayang Kulit (Artikel)



Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.
Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi

Panyebaran

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.
Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.
Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané yaiku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.

Panggawéné wayang

Wayang kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo piranti arupa wesi lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané sing nduwèni fungsi béda-béda.
Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang kasebut.

Karakteristik paraga wayang

Wangun irung:

  • Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké alusing watak lan kabangsawanan, tuladha: Arjuna, Samba, Kresna.
  • Irung Pelokan: Kaya wangun separo who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan kuwat. Tuladha: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyané.
  • Irung Pagotan: kanthi cangkem gusèn, nuduhaké watak galak lan kejem. Tuladha: Radèn Indrajit, Radèn Kangsa.
  • Irung Bentulan: Nuduhaké keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.
  • Irung Bruton: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Bagong.
  • Irung Sumpel: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Semar lan Limbuk.
  • Irung Térong: Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Tuladha: Garèng.
  • Irung Cempaluk: Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Tuladha:Pétruk.
  • Irung Pèsèkan: Nuduhaké lucu. Tuladha: Togog, Mbilung, Wanara.

Lambé lan garis cangkem

  • Cangkem Domis: Wangun cangkem satriya, nuduhaké kaélokan lan watak sènsitif
  • Cangkem Gusèn: Nggambaraké watak sok sarwa weruh, tanggung. Conto:Patih Sengkuni lan Kartamarma
  • Cangem Ngablak: Kabuka lan katon gusiné. Nggambaraké watak raseksa. Conto: Boma, Durmagati

Tlapukan

  • Mata Gabahan: Awangun wulir beras. Matané para ksatriya.
  • Mata Kedhelèn: Awangun wiji kacang, mata tokoh kaya Baladéwa, Setyaki.
  • Mata kedhondhongan: Awangun wiji kedhondhong, mata Patih Sengkuni lan Kartamarma.
  • Mata Pelengan: Nggambaraké karakter kejem, Indrajid lan Kangsa.
  • Mata Penanggal 1: Awangun wulan tanggal sepisan, nggambaraké watak sing ora bisa dipercaya. Tuladha: Cakil lan Pendhita Durna.
  • Mata Kolikan: Nggambaraké watak lucu kaya Semar.
  • Mata Plolo: Nggambaraké watak bodho lan gampang dibodhoni. Tuladha: Bagong lan Togog.

Uba Rampé pakeliran

Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokaké piranti ya iku antara liya:
Cempala
:
thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.
:
layar putih kang dibèbèr kanggo mainaké wayang.
Bléncong
:
Senthir kanggo gawé wewayangan, ing jaman saiki ana kalané senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.
Kepyak
:
digawé seka kuningan kanggo iringané dhalang.
Kothak
:
wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala
Gedebog/debog
:
kanggo tancepan wayang.
:
kanggo ngiringi pagelaran.

Simpingan

Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang saka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.


Purwakanthi



Purwakanthi

Purwakanthi merupakan alunan bunyi yang sama pada beberapa kata dalam sastra Jawa dan Sunda. Terdapat dua macam purwakanthi yaitu purwakanthi swara dan purwakanthi sastra. Purwakanthi swara adalah persamaan bunyi, sementara purwakanthi sastra adalah persamaan huruf.
Pitutur dan ungkapan-ungkapan Jawa umumnya disampaikan secara ringkas, dengan padanan kata bersanjak yang pas sehingga terkesan indah sekaligus mudah diingat.

Purwakanthi guru swara

  • Ana awan, ana pangan
  • Ngalah nanging oleh
  • Sing salah kudu seleh
  • Becik ketitik ala ketara
  • Sing weweh bakal pikoleh
  • Adigang adigung adiguna
  • Inggih-inggih ora kepanggih
  • Ciri wanci lelai ginawa mati
  • Desa mawa cara negara mawa tata
  • Witing tresna jalaran seka kulina
  • Giri lungsi, jalma tan kena ingina
  • Yen menang, aja njur sewenang wenang
  • Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
  • Sing gelem ngalah, bakal luhur wekasane
  • Yen krasa enak, aja njur lali anak, lali bojo, lali kanca

Purwakanthi guru sastra

  • Tata titi titig tatag, tanggung tertib
  • Aja dhemen memada, dhateng saphadhaning dumadi
  • Taberi nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi
  • Wong jejodohan kudu ngelingi : babat,bibit,bobot,bebet
  • Ruruh,rereh,ririh ing wewarihipun, mrih reseping para muyarsi
  • Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karya, tut wuri handayani
  • Tarti tata-tata, ate metu turut ratan, diutus tuku tahu tempe dhuwite kertas telung atus
  • Tindak tanduk lan tutur kang kalantur, tamtu katula-tula katali, bakal kacatur,katutuh, kapatuh, pan dadi awon
  • Sluman slumun slamet, salamun nyemplung kali plung, slulup slelep-slelep oleh slepi isi klobot, Njumbul bul klambine teles bles
  • Kala kula kelas kalih, kula kilak kalo kalih kuli-kuli kula, kalo kula kéli, kali kilén kula, kalo kula kampul-kampul, kula kelap kelip kala-kala keling-keling
Sumber : http://id.wikipedia.org/wiki/Bahasa_Jawa#Fonologi