DHAWUHIPUN BATHARA NARADA
(Kajupuk saka NARAYANA WISUDHA)
Bathara Narada menika Pemimpin saking
para Dewa, nggadhahi tugas mimpin para dewa sarta dewa ingkang dipun suwuni
pirembagan dening Bathara Guru. Nama sanesipun yaiku Kanekaputra. Tugasipun
ingkang sanes ngaturaken anugerah kagem para manungsa. Miturut cariyos Bathara
Narada menika ala rupane lan cebol. Bathara Narada dicariyosakaen minangka dewa
ingkang lucu lan remen geguyonan. Ananging geguyonanipun wau radi boten lucu.
Nalika ingkang surya taksih wonten ing
cengkremanipun ingkang nginggiling donya. Boten sepa, boten dinyana dening
Baladewa. Bathara Narada rawuh wonten nagari Mandura. Sinebat nagari Mandura
inggih mengka werdi negari kinepung samudra, mlebet mapaning madyaning tulung.
Nagari Mandura sinebat wara sundari ingkang werdine bumi pinilih. Wanantara
tekeng jaladri hanggunggung reksa dadi pagungang pasang. Among tani peken
tadari tansah lumadi denya makarti, kanthi tekun angolah siti, lemah ketekane
kaesti, lumbung pari tansah sinandhing dadi raharja wong sanagari, cekap ing
ngayon, turah ing wuri.
Baladewa kaget boten kados biasanipun.
Amenangi dewaning para dewa sowan wonten ing pasinggahanipun. Baladewa lajeng
ngaturaken pambagya sembah sungkem sarta sinuwun kagem sang Hyang Narada menika.
Bathara Narada hanampi pambagya sembah sungkem kanthi ati bungah kalihan manah.
Supados dipun paringi rahmat dening dewa-dewa sanesipun. Baladewa mirsani
sowanipun sang Hyang Narada menika wonten dhawuh ingkang sanget pentingipun.
Ngantos lila keranta-ranta singgah wonten nagari Mandura. Leres menapa dene
pamanahipun Baladewa, sang Hyang Narada anggadhahi utawi dipun dhawuhi dening
sang Hyang Jagad Nata. Sang Hyang Jagad Nata ngendikakake maring Hyang Narada,
minangka marang kadangipun Baladewa kalihan Bathara Narada yaiku Narayana.
Sejatosipun Narayana menika kadang alit
utawi adhinipun Baladewa. Bathara Narada ngandaraken marang Baladewa menawi
wonten ing kahyangan Junggring Salaka kasinggahan mungsuh saka Nagara
Dwarayudha, gustining Prabu Kudakala Kresna. Kudakala Kresna menika sejatosipun
anggadhahi wujud buta ananging kagungan pangawak awujudipun jaran. Kudakala
kresna nggadhahi pangkat patih, piyambakipun angsal dhawuh saking ratu
gustinipun nyuwun panguwasan kahyangan Junggring Salaka. Ananging wonten
cariyos menika, Bathara Guru boten maringaken, satemah dadosaken nagari
Dwarayudha prejawata mungsuhipun Dwaraka. Ananging para dewa menika boten saged
perang, kahanan menika dadosaken para dewa mesthinipun lajeng kalah. Mila
menika Bathara Narada singgah menika ngaturaken dhawuh saking Bathra Guru,
Bathara Guru percados marang Narayana. Ingkang wonten cariyos menika, Bathara
Narada animbali “putu”.
Narayana dipun aturi ngendhak napsunipun
ingkang Patih Kudakala Kresna. Wontenipun Bathara Guru percados marang
Narayana, amargi Narayana anggadhahi sifat ingkang satria ingkang pinandhita,
lelabuhanipun Narayana kados dening satrianing praja. Hanamung jiwanipun
Narayana sampun kasinungan jiwa Brahmana. Wonten ing madyanipun Bathara Narada
ngaturaken dhawuhipun Bathara Guru, sang Hyang Narada taksih nyempilaken
gegujengan marang Baladewa. Yaiku ngangge nyebat Narayana dados Ranarana.
Nanging, sang Hyang Narada sejatosipun nyadari menawi gegujenganipun radi
wagon.
Lajeng Baladewa namung mesam-mesem
mawon. Kalih ketingal saking polatanipun. Baladewa ketingal sedhih kalihan
bingung. Kados srengenge kealingan mendung, ingkang sekedap malih bakalanipun
dhawah ingkang toya saking nginggiling donya. Baladewa ngandaraken menawi
ingkang dipun padosi Narayana sampun dangu kesah saking nagari Mandura boten
nilar atur menapa-menapa. Mirsa kasunyatan menika Bathara Narada radi bingung
sanget, piyambakipun dhawuh marang Baladewa supados ngajak-ngajak para buta
supados nulungi nglawan Patih Kudakala Kresna. Baladewa boten mendel kemawon,
Baladewa sayektinipun inggih sekti kalihan saged perang, ananging boten kados
sedherek alitipun yaiku Narayana.
Wekdhal menika wau, Baladewa nyanggupi
badhe nggantosaken ingkang adhi, kagem majeng perang kalihan patih Kudakala
Kresna. Bathara Narada boten lajeng sarujuk marang Baladewa. Bathra Narada
lajeng ngadhraken, menawi perang menika boten perang kados biasanipun, perang
ingkang boten namung pamrih nyawa mangkehipun ananging nun inggih pakurmatan
asma dening Baladewa kalihan para dewa, ingkang sampun paring dhawuh. Ananging
Baladewa sampun boten saged dibendung malih penggalihipun marang perang nglawan
patih Kudakala Kresna menika. Boten namung amargi penggalihipun piyambak,
ananging nun inggih kagem paring pakurmatan kagem Bathra Narada ingkang sampun
keranta-ranta sowan wonten nagari Mandura.
Bathara Narada lajeng mikir-mikir malih,
kagem nylarasaken kalihan kahanan ingkang wonten. Lajeng pungkasanipun Bathara
Narada inggih paring donga restu lan sarujuk marang Baladewa. Lajeng Baladewa pangkat perang. Wonten ing
perang menika, patih Kudakala Kresna boten saged dipun kalahaken dening
Baladewa.
Mangertosi kahanan menika, Bathara
Narada sangsaya bingung lan sedhih. Anaing jembaring donya menika, wonten
pasinggahan ingkang radi raket. Wonten ing pasinggahan menika Permadi kalihan
Semar panggih kalihan Leladi Mangsa. Leladi Mangsa menika sejatosipun nun
inggih Narayana. Narayana nyamar dados Leladi Mangsa namung ajeng nyobi lara
lapanipun dados tiyang ingkang biasa-biasa mawon, boten anggdahahi
menapa-menapa hanamung raga kalihan tekad ingkang gumantil kalihan jiwa.
Hanamung kagungan penggalih nyuwun kaanugrahaning gusti kalihan ngraosaken
donya sejatosipun tanpa asma menapa-menapa. Sesampunipun Permadi mangertosi
menawi Leladi Mangsa menika kakangipu Narayana. Permadi ngaturi Narayana
wangsul wonten ing nagari Mandura. Amargi sampun dipadosi dening tiyang kathah,
ingkang betahaken Narayana. Ingkang asih marang Narayana. Sejatosipun
panganugrahaning Gusti mesthinipun bakalan kaparing kagem sinten mawon manungsa
ingkan saged nglampahaken dhawuhipun Gusti. Misrani menika Narayana wangsul
lajeng sumurup kalihan Bathara Narada.
Bathara Narada lajeng ngandharaken
kahanan wonten kahyangan amargi polahipun patih Kudakala Kresna. Bathara Narada
nun inggih ngandharaken menawi patih Kudakala Kresna boten saged kalah dening
Baladewa. Namung Narayana ingkang saged ngalahaken patih Kudakala Kresna.
Bathara Narada ngaturi babagan dhawuhipun Bathara Guru supados Narayana majeng
perang nglawan Kudakala Kresna. Pungakasinipun Narayana nyangguhi dhawuh
menika.




Tidak ada komentar:
Posting Komentar