Blangkon iku sajinis
panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik [1]utawa
lurik. Blangkon
sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana
tradhisional adat Jawa
lan adat Sundha
blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap.

Jinis
Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing
papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liya:
- Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).
- Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
- Blangkon Kedhu.
- Blangkon Banyumas.
- Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné
blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl
trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta.
Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta,
amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi
njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawetara
suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku
suku Sundha, suku Madura,
suku Bali, lan
sapanunggalané.




Tidak ada komentar:
Posting Komentar