Wayang
Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang
ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana
sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah
Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya
déné manungsa. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang
Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita
Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama
(Kristen,
Buddha),
perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.
Wayang kulit
dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi
ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan
kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni
déning UNESCO
ing tanggal 7
November 2003,
dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang
berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).
Suwaliké, UNESCO
nyuwun supaya Indonesia
njaga (preserve) warisan kuwi
Panyebaran
Wayang iki
ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara.
Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara,
nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah
lan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé
gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag
Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang
ing tlatahé dhéwé.
Ing jaman
saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari
lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi
acara televisi,
suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.
Wayang kulit
uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané yaiku saka kitab Mahabharata
lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Panggawéné wayang
Wayang kulit
umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga
wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah
nganggo piranti arupa wesi
lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana
sing lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané sing nduwèni fungsi
béda-béda.
Wosé piranti
mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré
dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan
ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing
tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga
diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang kasebut.
Karakteristik paraga wayang
Wangun irung:
- Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké alusing watak lan kabangsawanan, tuladha: Arjuna, Samba, Kresna.
- Irung Pelokan: Kaya wangun separo who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan kuwat. Tuladha: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyané.
- Irung Pagotan: kanthi cangkem gusèn, nuduhaké watak galak lan kejem. Tuladha: Radèn Indrajit, Radèn Kangsa.
- Irung Bentulan: Nuduhaké keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.
- Irung Bruton: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Bagong.
- Irung Sumpel: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Semar lan Limbuk.
- Irung Térong: Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Tuladha: Garèng.
- Irung Cempaluk: Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Tuladha:Pétruk.
- Irung Pèsèkan: Nuduhaké lucu. Tuladha: Togog, Mbilung, Wanara.
Lambé lan garis cangkem
- Cangkem Domis: Wangun cangkem satriya, nuduhaké kaélokan lan watak sènsitif
- Cangkem Gusèn: Nggambaraké watak sok sarwa weruh, tanggung. Conto:Patih Sengkuni lan Kartamarma
- Cangem Ngablak: Kabuka lan katon gusiné. Nggambaraké watak raseksa. Conto: Boma, Durmagati
Tlapukan
- Mata Gabahan: Awangun wulir beras. Matané para ksatriya.
- Mata Kedhelèn: Awangun wiji kacang, mata tokoh kaya Baladéwa, Setyaki.
- Mata kedhondhongan: Awangun wiji kedhondhong, mata Patih Sengkuni lan Kartamarma.
- Mata Pelengan: Nggambaraké karakter kejem, Indrajid lan Kangsa.
- Mata Penanggal 1: Awangun wulan tanggal sepisan, nggambaraké watak sing ora bisa dipercaya. Tuladha: Cakil lan Pendhita Durna.
- Mata Kolikan: Nggambaraké watak lucu kaya Semar.
- Mata Plolo: Nggambaraké watak bodho lan gampang dibodhoni. Tuladha: Bagong lan Togog.
Uba Rampé pakeliran
Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokaké piranti
ya iku antara liya:
Cempala
|
:
|
thuthukan dhalang kanggo ngiringi
antawacana lan omongan ing lakon.
|
:
|
layar putih kang dibèbèr kanggo mainaké
wayang.
|
|
Bléncong
|
:
|
Senthir kanggo gawé wewayangan, ing jaman
saiki ana kalané senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.
|
Kepyak
|
:
|
digawé seka kuningan kanggo iringané
dhalang.
|
Kothak
|
:
|
wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala
|
Gedebog/debog
|
:
|
kanggo tancepan wayang.
|
:
|
kanggo ngiringi pagelaran.
|
Simpingan
Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang
siji lan liyane. Ana kang kurang saka 180, ana uga kang nganti 400 wayang.
Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang
ing njero kothak.




Tidak ada komentar:
Posting Komentar