- Kekidungan kang mawa pepeling
Ngelingaken
mrih tindak utama
Wong urip
iku wajibe
Ngagengna
darmanipun
Kanthi rila
terusing ati
Sira wajib
lenggana
Manungsa
puniku
Cinipta
datan sampurna
Lan manehe
tan bisa urip pribadi
Tansah butuh
wong liya
- Aja nyawang mring bedaning kulit
Aja nyawang
bedaning agama
Iku kanca
nira kabeh
Sanadyan
drajadipun
Luwih
cendhek lawan si reki
Becik den
kurmatana
Sesamaning
makhluk
Yen iku wus
katindhakna
Mesti sira
tetep bakal den payungi
Gusti kang
Maha Nasa
- Wardining kang sasmita jinarwi
wruh kukum
iku watekira
adoh marang
kanisthane
pamicara
puniku
wah reseping
sagung miyarsi
tatakrama
puniku
ngedohaken
panyendhu
kagunan iku
kinarya
ngupa boga
dene kelakuan becik
weh
rahayuning angga
- Dandhanggula ngresepake ati
Lamun sinom
renyah miwah grapyak
Yen pangkur
sereng wateke
Gambuh mawa
pitutur
Yen prihatin
nembanga mijil
Kasmaran
smarandana
Maskumambang
trenyuh
Galak greget
nyekar durma
Yen megatruh
gegetunang nglut lan sedhih
Pocung gecul
sembrana
- Iku kabeh watak tembang yekti
Lamun sira
arsa ngripta sekar
Kajaba guru
lagune
Ingkang
perlu den emut
Saben
tembang yekti tan sami
Guru
wilanganira
Wus pinathik
baku
Lagu
winengku ing sastra
Yen wus iku
pedhotane kang premati
Pryoga
katindhakna
- Sinarka arsa murwakani
Masjid demak
kang agung bawera
Endah asri
suwarnane
Saka
sinungging wungu
Kuning
gadhing akarya asri
Plataran
gilar-gilar
Asri yen
dinulu
Payon katon
maya-maya
Anjenggarang
kukuh bakuh edi peni
Karya
ascaryaning tyas
- Mulya yekti pigunane masjid
Tumrap
kegiyataning agama
Agama islam
mekare
Ngibadah
mring Hyang Agung
Gusti Alloh
kang maha asih
Papan
kinarya dakwah
Nggegulang
mring mring ngelmu
Saraking
agama islam
Mula wajib
masjid iku denpepetri
Tulus
trusing wardaya
- Sapa wong kang akarya kang masjid
Agung adi
luhung kang sanyata
Raden patah
asmane
Brawijaya
sunu
Ratu agung
ing majapait
Miyos saking
gwagarba
Putri cempa
ayu
Wau ta raden
patah
Wiwit timur
wineleg sagunging ngelmi
Sarak agama
Islam
- Sinengkuyung sagunging prawali
Janma tuhu
sekti mandra guna
Wali sanga
nggih arane
Dhihin Syeh
Magrib tuhu
Sunan
ngampel kang kaping kalih
Tri sunan
bonang ika
Sunan giri
catur
Syarifudin
sunan drajat
Anglenggahi
urutan gangsal sayekti
Iku ta
warnanira
- Kaping nenem kanjeng sunan kali
Jaga raden
mas Said parabnya
Nenggih
kasapta candhake
Yeku jeng
sunan kudus
Jakfar sidik
syeh magribi duk taksih alit
Astha sunan
muriya
Kang uga
sinebut
Raden umar
said ika
Jangkep
sanga sunan gunung jati nenggih
Winastan
fatahillah



