- Duksamana durung ana listrik
Padhang mbulan tur akeh kancane
Tetembangan njoget genti-genti
Majune di gilir
Surak rame gupyuk
- Nggaru mluku nganggo kebo sapi
Jam sepuluh teka kirimane
Bapa tani enggala nglereni
Nggone nambut kardi
Nuli mentas wisuh
- andhe dhuh biyung wayah apa iki
ing gegana ting abyor lintange
titi sonya puspita kasilir
marutaris kengis
sumrik gandanyarum
- Padha dipun eling mring pitutur ing ngong
Kudu anteng jatmila ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipun
- Dipun nedya prawira ing batin
Sasabana yen durung mangsane
Kakendelan aja wani mingkis
Winika ing batin
Den samar ing semu
- Lan dimanteb mring panggawe becik
aja kurang iya panrimane
yen wis tinitah marang Hyang Widhi
ing badan puniki
wis papancenipun
- Deda lanne guna lawan sekti
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkulla yen dipundukanni
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun
- Jawa tengah dadi lumbung pari
Panca usaha katindakake
Para warga sarta para tani
Sregep nyambut kardi
Mamrih adil makmur
- Lanang wadon ora ana kari
Kacukupan kang dadi butuhe
Kanggo srana anggone leladi
Labuh ing nagari
Bekti ing Hyang agung
- Poma kaki dipun eling
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta waris
Sumber : http://pitajepang.wordpress.com/2013/01/07/kumpulan-tembang-macapat/




Tidak ada komentar:
Posting Komentar