Layang Saka Suriname
Cerpen
Bahasa Jawa: Layang Saka Suriname
Swarane sepedha motor Pak Pos
mandheg aneng ngarep omah, ngagetake anggonku ngalamun, wayahe lagi jam
setengah sepuluh awan. Dina iku babarpisan ora nyana yen aku entuk kabar saka
nggone David Sutarmin KT ing Suriname. Yen dirunut sarasilahe, David Sutarmin
KT iku isih sedulurnunggal mbah buyut karo aku nanging ngertine ya lagi saiki
amarga dheweke urip ana negara Suriname sing adoh bangetjare ana poncote donya
iki. Layang banjur tak bukak kebak pengarep-arep, gek kabar apa meneh sing
diwartake sedulur nunggal mbah buyut sing mung tak weruhi rupane saka gambar
poto sing nate dikirimake.
"Assalamu'alaikum ww"
Layang katur Kangmas Parja
Sastratinaya kang kinurmatan, sakdurunge aku ngabarake kahananku ing Suriname,
tak jaluk kabeh sedulurku ing tanah Jawa Indonesia padha keslametan lan
karaharjan, dene aku sakulawarga uga padha slamet lan entuk rohmating Gusti
Allah SWT.
Mengkono pambuka layang sing tak
waca. Aku banjur unjal ambegan, jebul sedulurku iku isih ngrasuk agama Islam
kaya agama sing dirasuk kabeh sedulurku, katitik saka anggone menehi salam mau.
Layang banjur tak waca sakteruse.
Aku sakulawarga ing Suriname padha
slamet lan oleh rohmating Gusti Allah SWT, malah sedhela maneh (sak-wulan)
engkas aku bakal pensiun saka pegawe negeri pamarentah Suriname. Sanajan aku
pension, nanging mbokmenawa beda karo para pensiunan pegawe neng tanah Jawa
Indonesia. Neng kene (Suriname) kabeh pegawe sing mlebu wayahe pensiun iku wis
dilatih kapinteran nyambut gawe apa wae sing disenengi lan sing luwih penting
sakliyane oleh pensiunan sing lumayan gedhe saben sasine isih entuk pesangon
kanggo modhal usaha mau. (Sejatine pensiunan ing Suriname iku wis cukup malah
kepara turah), kepinteran mau amung kanggo ngisi wektu sing longgar. Nalika
arep wayahe pensiun aku melu latihan madeg dadi wiraswasta, gawe lan dodolan
panganan sing dibutuhake wongJawa Suriname, rencanaku arep gawe lan dodolan "Gethuk
Lindri lan Klepon”, kava sing sok dicritakake swargi simbah biyen.
Sakeplasan aku banjur kelingan
layange David. Sutarmin KT sing tak tampa rong sasi kepungkur, aneng layang iku
David Sutarmin KT crita yen ing negara Suriname saiki wis maju banget, mbokmenawa
kemajuane negarane ngungkuli Jawa Indonesia. perlu tak aturake, sabensaben
David Sutarmin KT nyebut Indonesia mesthi nganggo sebutan Jawa Indonesia, jare
kanggo nguri-uri lan dadi pepeling marang anak turune yen dheweke iku sejatine
wong Jawa sing di gawa dening penjajah Walanda menyang tanah Suriname
didadekake buruh perkebunan, pamrihe anak turune ben bisa ngurmati para
leluhure sing urip ngrekasa digawa Walanda, amarga akeh sing wis padha mati lan
dibuwang ing saktengahing laut nalika digawa mrana, uga bisa sesambungan utawa
silahturami marang sedulure ing Jawa Indonesia sanajan mung lumantar surat,
telepon utawa internet, malah diajap sing isih enom lan uripe kepenak padha
gelem dolan menyang Jawa Indonesia nggoleki sedulure dhewedhewe. Aneng layang
mau dicritakake yen warga penduduk Suriname mligine wong sing saka Jawa
Indonesia saiki padha urip kamulyan amarga akeh sing urip kecukupan malah
kepara sugih mblegedhu lan nguwasani ing pamarentahan (sing dikarepake
menduduki jabatan penting). Menawa katandhingake wong Jawa sing ana tanah Jawa
Indonesia malah saiki uripe luwih kepenak. Awit saka sugihe mau wong-wong wis
padha lali karo panganan asli saka Jawa Indonesia sing jenenge Gethuk Lindri
lan Klepon. "Kang Parjo, saiki bocah-bocah enom padha wis ilang
Jawane". Uga dicritakake para kanoman wis ora ngerti maneh Gethuk Lindri
lan Klepon, sing dingerteni mung panganan saka negara manca kaya: sakwernane
Roti, Hamburger, Spaghety, Pisa, Donat, Kebab, Isp. Kabeh mau panganan saka
manca negara sing saiki wis mratah aneng Suriname. Semono uga wis akeh sing ora
ngerti masakan saka Jawa Indonesia Kaya jangan Lodheh, Sambel goreng, Semur,
Gudheg, Oblok-oblok, Terik, Brongkos, Bobor, Rawon, Bothok, Tumpang, Isp.
"Yen ora kabotan aku nyuwun ngerti piye carane lan resepe gawe Gethuk
Lindri lan Klepon”, ngono critane. Nalika maca layang dhek semana aku ora pati
nggape, mongsok gawe Gethuk Lindri lan Klepon wae ora bisa, tur ya arep kanggo
apa?, layang banjur tak waca meneh:
"Kang Parjo, aku nyuwun tulung
tenan, piye cara lan resepe gawe Gethuk Lindri lan Klepon, amarga yen wis bisa
aku arep bukak usaha toko khusus Gethuk Lindri lan Klepon, yen bisa cara lan
resep iki cepet dikirim lewat pos (Aja dikirim lewat internet). Mbesuk yen toko
Gethuk Lindri lan Klepon mau laris, Kang Parjo arep tak kirimi dhuwit sakperlu
kanggo ragad dolan menyang Suriname, iki njanjiku Kang".
Mak jleg rasaning ati maca layange
sedulurku saka Suriname mau, najan ketoke sepele jebul nguri-uri kabudayan sing
wujude panganan lan olah-olahan mau penting banget, yen anak turune dhewe
mbesuk uga ora ngerti kabudayan Jawa njur piye dadine mengko? Aku banjur
nerusake anggonku maca layange David Sutarmin KT.
Kang Parjo, aku optimis banget yen
usaha iki bakal maju lan dadi gedhe, malah rencanaku arep tak pepaki dadi rumah
makan sing dodolan sakwernane mangsakan Jawa kaya sing tak critakake ing
layangku mbiyen. Wah mendah senenge mbesuk aku yen Kang Parjo utawa anakmu ana
sing gelem menyang Suriname, bab wragad aku mengko sing ngongkosi, wektu saiki
aku lagi sibuk mbangun toko sing bakale tak enggo dodolan Gethuk Lindri lan
Klepon mau. Sakliyane iku aku duwe cita-cita, mbesuk arep bukak kursus basa
Jawa ing Suriname kene, wah mendah pintere wong Jawa Suriname mengko, bisa basa
Jawa alus lan ngerti tata krama lan unggah-ungguh kaya budayane leluhure sing
isih ana neng Jawa Indonesia".
Lagi tekan semono anggonkd maca
layange David Sutarmin KT mau aku dadi melu ngguyu dhewe. Kok kahanane meh ora
beda karo sing ana kene, sanajan wong Jawa isih akeh cacahe lan urip ing tanah
Jawa, nanging kasunyatan akeh wong Jawa sing ora bisa Njawani. Semono uga bab
panganan lan olahan Jawa, akeh sing wis padha nglirwakake, ngendi ana cah saiki
ngerti lan doyan mangan jangan Brongkos utawa Bobor mbayung? Layange David
Sutarmin KT banjur tak tutugake anggonku maca,
Kanggo sawetara aku nyuwun dikirimi
majalah utawa koran sing abasa Jawa, (dhuwite bakal tak kirim lewat bank, aku
nyuwun nomor rekeningmu Kang). Sanajan aku iki wis tuwa, nanging aku isih
seneng mangerteni kahanan Jawa Indonesia, piye kabare pemilihan presiden sing
bakal teka, calon presidene apa ya wong saka Jawa? Aku percaya yen Pak Susilo
Bambang Yudhoyono (SBY), iku wong Jawa; Pak Prabowo, pak Wiranto, Sultan Ngayogjakarta
lan Bu Mega (anake wedok Soekarno) iku ya wong Jawa, nanging Hidayat Nur Wahid
lan Jusuf Kalla iku apa ya wong Jawa? nanging kabeh mau ora penting Kang, sing
penting wong Jawa utawa wong luwar Jawa kudu gelem nguri-uri lan ngrembakakake
basa lan kabudayan Jawa, eman-eman Iho Kang aja nganti cures, wong aku dhewe
sing ana Suriname isih kober nguri-uri basa lan kabudayan Jawa. Oh, iya Kang,
apa Majalah "Panjebar Semangat" weton Surabaya kae isih urip? Dhek
emben aku maca kabar saka internet jare tlatah Grogol Sukoharjo kebanjiran
meneh, wah mesakake iku rak nggone simbah-simbah swargi mbiyen ta? Saktemene
isih akeh kabar lan panguneging ati sing bakal tak tulis, nanging semene dhisik
wae mbesuk disambung maneh. Model nulis laying ngene iki kanggoku malah bisa
tetep nuwuhake rasa kangenku saka negara sing adohe ana sak poncote donya. Kae
Kang swarane adzan Maghrib wis kumandhang banter celuk-celuk wong Jawa padha
manembah marang Gusti Kang Akarya Jagad, yen aku mono isih mbacutke dhawuhe
para sepuh, sholat iku ya madhep mengulon kaya dhek jaman isih aneng Jawa
Indonesia kae.
Saka sedulurmu,
David Sutarmin Kartotinaya
Layang banjur tak lempit, atiku
krasa bungah jebul isih duwe sedulur sing adoh panggonane nanging isih gelem
nulis layang, kamangka jaman saiki wis akeh sing padha ninggalake nulis layang,
pilih padha telepon apadene SMS-an wae jare luwih cepet, sanajan yen aku sok
maca SMS kae tembung-tembunge jan ora ana sing genah malah ora ngerti tata
basa. Wengi iku aku wis tata-tata arep nulis layang walesan lan nuruti
penjaluke sedulurku sing ana Suriname mau. Mbokmenawa sasi ngarep dheweke wis
bisa miwiti bukak toko Gethuk Lindri lan Klepon aneng Suriname kana.




Tidak ada komentar:
Posting Komentar