- Jrotyas wuyung nulat sekar gandanya rum
Lina lutan bangkit lalis
Tulus lalu lila lamun pinetika
- Iya mathuk bakal ya tansah kepethuk
Yekti marga isi-isi
Wite dhuwur angel tumi-tumiyungna
- Yen satuhu arum njawi lebetipun
Mongka sudarsana yekti
Aweh mulya ngambar gandane kusuma
- Bapak pocung cangkemmu marep mandhuwur
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pocung mutah guwaya
- Angkara gung neng angga agung gumulung
Tri loka kere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
- Pangajabku duwe gegayuhan luhur
Mbrastha kemiskinan yekti
Swasembada murah sandang pangan papan
- Yen wus iku nagri kita bakal maju
lan bangsa mancanegari
ja kesuwen dadi negara berkembang
- Bapak pocung dudu watu dudu gunung
ngon ingone sang bupati
prapteng marga si pocung lembehan grana
- Bapak pocung amung sirah lawan gembung
Mati sajroning ngaurip
Si pocung dadi dahana
- Bapak pocung dudu tampar dudu dadhung
Penclokanmu kayu garing
Prapteng griya si pocung ngetokne cahya
Sumber : http://pitajepang.wordpress.com/2013/01/07/kumpulan-tembang-macapat/




Tidak ada komentar:
Posting Komentar