Paribasan
- Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
- Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
- Abag-abang lambe = guneme mung lamis
- Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
- Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
- Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
- Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
- Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
- Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
- Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
- Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
- Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
- Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
- Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
- Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
- Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
- Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
- Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
- Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
- Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
- Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
- Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
- Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
- Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
- Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
- Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
- Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
- Asu marani gebug = njarag bebaya
- Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
- Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
- Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
- Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
- mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
- mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
- mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
- mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
- mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
- mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
- mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
- Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
- Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
- mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
- Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
- Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
- Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
- Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
- Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
- Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
- Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
- Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
- Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
- Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
- Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
- Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
- Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
- Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
- Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
- Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
- Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
- Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
- Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe
- Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
- Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
- Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
- Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
- Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
- Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
- Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
- Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
- Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
- Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
- Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
- Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
- Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
- Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
- Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
- Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
- Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh
- Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
- Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
- Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
- Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
- Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani
- Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
- Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
- Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
- Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
- Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
- Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
- Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
- Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
- Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
- Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
- Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
- Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
- Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
- Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
- Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
- Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
- Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng
- Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngerti
- Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
- Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
- Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone
- Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
- Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon
- Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi wewadi
- Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
- Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu nglakoni
- Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
- Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele
- Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa
- Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten
- Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
- Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
- Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
- Entek jarake = wis entek kasugihane
- Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
- Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
- ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
- Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
- Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong cilik sing dadi korban
- Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene
- Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong lanang sing nakokake
- Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
- Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan
- Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis keturutan
- Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakon
- Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik
- Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
- Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
- Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene
- nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas
- Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala
- Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
- Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah
- Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjan
- Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake
- Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan
- nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
- nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
- nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe
- Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
- Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga tumindak ala
- Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
- Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
- Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
- ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
- Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
- Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
- ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah
- Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake
- Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
- Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang
- Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni
- Idu geni = sakuni-unine kelakon
- Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
- Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
- Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
- Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
- nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis
- nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil
- nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil
- Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan
- Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
- Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
- Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
- Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
- Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
- Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas
- nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
- Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wedi
- Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
- nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
- nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
- Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
- Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane
- Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
- Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
- Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
- Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
- Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
- Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
- Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu
- Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe
- Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
- Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
- Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
- Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
- Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
- Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
- Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa
- Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane
- Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
- Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
- Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
- Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekarane
- Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
- Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
- Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
- Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
- Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane
- Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)
- Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
- Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
- Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
- Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
- Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
- Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada
- Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
- Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
- Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
- Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
- Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe
- Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
- Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
- Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
- Kethek saranggon = grombolane wong ala
- Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik
- Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho
- Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
- Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
- Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
- Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan
- Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan
- Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
- Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
- Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
- Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
- Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
- Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
- Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetep
- Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
- Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
- Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
- Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
- Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
- Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
- Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan
- Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa
- Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
- Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
- Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
- Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani
- Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
- Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
- Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
- Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
- Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
- Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat
- Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
- Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
- Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
- Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
- Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
- Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
- Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
- Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
- Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe
- Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan
- Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
- Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh
- Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil
- Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
- Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
- Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
- Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
- Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng
- Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
- Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
- Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
- Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
- Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
- Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
- Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
- Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
- Meneng kitiran = ora bisa anteng
- Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya
- Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
- Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
- Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
- Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
- Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
- Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
- Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
- Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe
- Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
- Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
- Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
- Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
- Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
- Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
- Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
- Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
- Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
- Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
- Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
- Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
- Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe
- Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
- Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
- Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
- Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh
- Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
- Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
- Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
- Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
- Nyolong pethek = luput saka pangira
- Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
- Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
- Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
- Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
- Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
- Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
- Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
- Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
- Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune
- Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
- Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
- Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
- Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane
- Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
- Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
- Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot
- Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
- Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
- Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
- Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
- Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa
- Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
- Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe
- Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
- Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala
- Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
- Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
- Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingake
- Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane
- Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akeh
- Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan
- Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah
- Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
- Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasa
- Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur
- Obor blarak = mung sawetara wae
- Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
- Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
- Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
- Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe
- Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
- Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab
- Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala
- Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane
- Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
- Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug
- Ora polo ora uteg = bodho banget
- Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab
- Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara
- Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane
- Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa
- Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
- Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak
- Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane
- Pandhitane antake = laire katon suci batine ala
- Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane)
- Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
- Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya
- Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka
- Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru pangan
- Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman
- Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen
- Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan
- Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
- Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu
- Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake
- Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong iku
- Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele
- Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka)
- Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
- Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane
- Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
- Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak
- Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)
- Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate
- Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh
- Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
- Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur
- Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge
- Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen)
- Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu
- Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati
- Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
- Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane
- Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala
- Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
- Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
- Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
- Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter
- Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane
- Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane
- Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati
- Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene
- Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan
- Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok
- Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-atenane
- Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
- Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere
- Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
- Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
- Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atine
- Timun jinara = prakara gampang banget
- Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen kekurangan)
- Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
- Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
- Tunggal banyu – tunggal guru
- Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)
- Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
- Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
- Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang diseriki kanca-kancane)
- Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik
- Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate
- Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh
- Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh
- Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan
- Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane
- Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
- Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane
- Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan
- Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh
- Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget
- Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
- Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
- Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug
- Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong ketula-tula uripe)
- Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
- Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
- Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane
- Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepake
- Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa)
- Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine
- Waras-wiris = sehat
- Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji
- Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane
- Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
- Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
- Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya kang ala pakartine
- Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim
- Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru




Tidak ada komentar:
Posting Komentar