Mangga

Selasa, 06 Januari 2015

Cangkriman



Cangkriman Bahasa Jawa

  1. Urang Sapikul matane pira ?
    jawab : ana 6- urang, sapi, kul
  2. Sega sakepel dirubung tinggi, apa ?
    Jawab : Salak
  3. Dikethok malah dhuwur, apa ?
    Jawab : Celana
  4. Ana tulisan Arab. Macane saka ngendi ?
    Jawab : Saka Alas
  5. Ana gajah numpak becak, ketok apane ?
    Jawab : Ketok mbujuke
  6. Ngarep ireng, mburi ireng sing tengah methentheng, apa ?
    Jawab : Wong mikul areng
  7. Lampu apa  nek dipecah metu uwonge ?
    Jawab : Lampune toko sing lagi ditutup
  8. Pak bomba, pak lawa, pak peyut
    Tipak kebo amba, tipak ula dawa, tipak cempe ciyut
  9. Pitik walik saba kebon, apa ?
    Jawab : Nanas
  10. Pak demang klambi abang, nek didudul gondhal gandhul, nek disuduk manthuk manthuk, apa ?
    Jawab : Kembang gedhang = ontong
  11. Jenenge Satriya pringgondani iku sapa ?
    Jawab : Ya raden Gathutkaca, ya uleg uleg= pring bonggol didandani.
  12. Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira kira gedhe apane ?
    Jawab : Gede omongane
  13. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh, apa ?
    Jawab : Geni
  14. Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan omben cukup, bareng wis satahun kuthuke ilang, menyang endi ?
    Jawab : Dadi pitik
  15. Ana 5 endoke gajah, ilang 1 dadi pira ?
    Jawab : 0 , gajah ora ngendok
Sumber : http://www.gerbangilmu.com/2014/12/100-contoh-cangkriman-bahasa-jawa-lengkap.html
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar