- Nalikanira ing dalu
Sirep kang balawanara
Sadaya wus sami guling
Nadyan ari sudarsana
Wus dangu nggenira guling
- Kukusing dupa kumelun
Kawengku sagung jajahan
Nanging saget angikipi
Sang resi kaneka putra
Kang anjog saking wiyati
- Kagyat risang kapirangu
Duh sang retnaning bawana
Ya ki tukang walang ati
Ya ki tukang ngenes ing tyas
Ya ki tukang kudu gering
- Teka ndadak melu-melu
Lali yen kalengkangningrat
Ing bawana amurwani
Mustikaning jagad raya
Dhemen lalen sangga runggi
- Sun iki ngembani wuwus
Bathara sukma kawekas
Sira ingkang den paringi
Nenggih maosadi lata
Panguripe wong sabumi
- Punapa tamirah ingsun
Tuhu dahat tanpa karya
Sengkang rine mekan Gusti
Gelung rinusak sekarnya
Sumawur gambir melathi
- Midering rat angelangut
Mubeng tepi ning samodra
Sumengka anggraning wukir
Anelasak wana wasa
Tumuruning jurang trebis
- Giwanging surya mbok gunung
Tan gumingsir prapteng pejah
Mung sira kang condhong budi
Peksi reng mangsa kunarpa
Sun dhandhang dadiya krami
- Sulung enjang dhuh mbok gunung
Ngur matiya raganingwang
Lamun tan bisa karonsih
Ancur kaca dhuh bandara
Kang dadi rasaning ati
- Bokor siti dhuh mbok gunung
Cirak arga munggwing wana
Krawitan selehing gendhing
Durung tutug jejagongan
Kasusu tinundhung mulih
Sumber : http://pitajepang.wordpress.com/2013/01/07/kumpulan-tembang-macapat/




Tidak ada komentar:
Posting Komentar