- Kanjeng sunan kali jaga
Sunan gunung jati pocung
Njeng sunan bonang durma
Maskumambang yeku sunan maja agung
Tembang mijil ingkang ngripta
Sunan geseng asmane ki
- Sunan giri smarandana
Sunan murya padha pangkur
Dene sinom kang ngripta
Datan sanes njeng suna giri rumuhun
Megatruh iku kang yasa
Nenggih kanjeng sunan giri
- Sekar pangkur kangwinarna
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
- Deduga lawan prayoga
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggalan
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Ngucap meneng anendra
Duga-duga nora kari
- muwah ing sabarang karya
papat iku datan kantun
kanggo sadina-dina
lan ing wengi nagara miwah ing dhusun
kabeh kang padha ambegan
papat iku nora lali
- Kalamun ana manungsa
Iku watege tan patut
Amor lawan wong kathah
Wong deg sura daludur tan wruh ing edur
Aja sira pedhak-pedhak
Ora wurung meniwasi
- Mapan wataking manungsa
Solah muna-muninipun
Pan dadya panengeran
Kang ngapinter kang bodho miwah kang luhur
Kang asor lan kang mlarat
Tanapi manungsa sugih
- Heh padha mongsapa dhaa
Iki uru bisma prabu
Wong sekti mondra guna
Kalok ingrat pilih tandhing ing prang pupuh
Sura mrata jaya mrata
Tau tate angentasi
- Surya candra lan kartika
Yekti mawa pasang surut
Ywa maneh tamung sira
Yen kalisa owah gingsir ing tumuwuh
Ratri rina sore beda
Baya tan susah pinikir
- Jirak pindha munggwing wana
Sinambi kalane nganggur
Wastra tumrap mustaka
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
Baon sabin ing nawala
Kinarya langen pribadi
Sumber : http://pitajepang.wordpress.com/2013/01/07/kumpulan-tembang-macapat/




Tidak ada komentar:
Posting Komentar