Swarga
Impen
Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu
kepungkur durung wae rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben
dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak
kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah
Idaman. Yen mripatku nyawang sing
apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero
omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon
apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau
weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang
tamune kaya panggonane presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane,
jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi
lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune biru katon
kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah
cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah
melu-melu nyawang gambar omah apik mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu
idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo
wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis
mati, sing ora duwe dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo
ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku
nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj
Mahal endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng
tivi, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget,
hawane adhem, kaya neng swarrga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe
salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan
dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu
ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin
weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran liwat. Kok ana
wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone
Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto
takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi
sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong
mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga,
ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet
maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire
metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne
sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus
nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar
lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan
sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing
takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat,
lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah
banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong
sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku
ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga sing diimpekake.
Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara.
Jakarta, Januari 2003
Kapethik saka "Trubus saka Pang
Garing"
Pangubahan sak perlune dening Refano Pradana



