Mangga

Selasa, 16 Desember 2014

KREASI TEMBANG MACAPAT



Rounded Rectangle: FATKHUL IZAH/ 2601413059/ ROMBEL 2 

TEMBANG
Dening : Fatkhul Izah

POCUNG
Donya iku paringane Gusti
Wit lan satetuwuhan
Ayo padha dijagani
Wujud bekti marang Gusti ingkang Esa

DURMA
Duh manungsa ayo padha bebudaya
Budaya kang wus cumawis
Ing bumi prasaja
Nguri uri budaya
Bangun sing wis padha mati
Lestarenanan jaga kang wus lestari

KINANTHI
Bumi kang wus langkung langu
Namung aja nganti lali
Jaga lestaribe bangsa
Jaga lestarine bumi
Tumut marang pangowahan
Bukti bekti konservasi





Rounded Rectangle: FATKHUL IZAH/ 2601413059/ ROMBEL 2 

ASMARANDANA
Aja padha melu lali
Kaya wong kang ala pisan
Padha ngrusak endahane
Ayo dha padha dirawat
Dirawat gegentenan
Kanthi luwih becikipun
Iku tugas kita muda

GAMBUH
Aja nganti kabacut
Polah ala, kang ngrusak leluhur
Lestarenana, leluhur jawa kang becik
Jaga lan junjungen iku
Apa kang wus tansah sayektos

MIJIL
Yo dijaga, lestarine bumi
Mring wulangan yektos
Para abdi piwulangan kae
Marang bumi kang wus dicawisi
Warisane Gusti
Jaga kanthi jujur






Rounded Rectangle: FATKHUL IZAH/ 2601413059/ ROMBEL 2PANGKUR
Mangkene carane jaga
Cara jaga, lingkungan langkung asri
Ya padha melu tetandur
Wohan kang trep lan nyana
Aja padha, ngrusak lestarine tandur
Kang wis nyata diparingna
Kanggo banda uwong urip

SINOM
Mumpung urip ngabektiya
Ora mung marang sasami
Marang budaya lan donya
Kanthi laku ingkang becik
Jagani banda Gusti
Yaiku alam leluhur
Lestarina kabehan
Aja mung gelem nganggoni
Alam donya, tanggungane kita muda

MEGATRUH
Sanyatane tetuwuhan ingkang mujur
Mangga padha diopeni
Wujud bekti marang Agung
Aja mung gelem manggeni
Dirawat ingkang sayektos


Rounded Rectangle: FATKHUL IZAH/ 2601413059/ ROMBEL 2 

DHANDANGGULA
Para muda, owahhana iki
Prakarane, alam kang wus ala
Alam kang wus ora sae
Pada rusak lan ajur
Polah nyata, para manungsa
Jare pada kekanda
Konservasi ipun
Aja mung dadi kekanda
Mangga kersa, ngowahi alam iki
Wujud bekti mring donya

MASKUMAMBANG
Nyratenani, mring budaya jawa iki
Mangga para muda
Nguri uri lan jagani
Wujud bekti para muda







Tidak ada komentar:

Posting Komentar