Mangga

Selasa, 06 Januari 2015

DHANDANGGULA




  1. Kekidungan kang mawa pepeling
Ngelingaken mrih tindak utama
Wong urip iku wajibe
Ngagengna darmanipun
Kanthi rila terusing ati
Sira wajib lenggana
Manungsa puniku
Cinipta datan sampurna
Lan manehe tan bisa urip pribadi
Tansah butuh wong liya
  1. Aja nyawang mring bedaning kulit
Aja nyawang bedaning agama
Iku kanca nira kabeh
Sanadyan drajadipun
Luwih cendhek lawan si reki
Becik den kurmatana
Sesamaning makhluk
Yen iku wus katindhakna
Mesti sira tetep bakal den payungi
Gusti kang Maha Nasa




  1. Wardining kang sasmita jinarwi
wruh kukum iku watekira
adoh marang kanisthane
pamicara puniku
wah reseping sagung miyarsi
tatakrama puniku
ngedohaken panyendhu
kagunan iku kinarya
ngupa boga dene kelakuan becik
weh rahayuning angga
  1. Dandhanggula ngresepake ati
Lamun sinom renyah miwah grapyak
Yen pangkur sereng wateke
Gambuh mawa pitutur
Yen prihatin nembanga mijil
Kasmaran smarandana
Maskumambang trenyuh
Galak greget nyekar durma
Yen megatruh gegetunang nglut lan sedhih
Pocung gecul sembrana
  1. Iku kabeh watak tembang yekti
Lamun sira arsa ngripta sekar
Kajaba guru lagune
Ingkang perlu den emut
Saben tembang yekti tan sami
Guru wilanganira
Wus pinathik baku
Lagu winengku ing sastra
Yen wus iku pedhotane kang premati
Pryoga katindhakna
  1. Sinarka arsa murwakani
Masjid demak kang agung bawera
Endah asri suwarnane
Saka sinungging wungu
Kuning gadhing akarya asri
 Plataran gilar-gilar
Asri yen dinulu
Payon katon maya-maya
Anjenggarang kukuh bakuh edi peni
Karya ascaryaning tyas
  1. Mulya yekti pigunane masjid
Tumrap kegiyataning agama
Agama islam mekare
Ngibadah mring Hyang Agung
Gusti Alloh kang maha asih
Papan kinarya dakwah
Nggegulang mring mring ngelmu
Saraking agama islam
Mula wajib masjid iku denpepetri
Tulus trusing wardaya
  1. Sapa wong kang akarya kang masjid
Agung adi luhung kang sanyata
Raden patah asmane
Brawijaya sunu
Ratu agung ing majapait
Miyos saking gwagarba
Putri cempa ayu
Wau ta raden patah
Wiwit timur wineleg sagunging ngelmi
Sarak agama Islam
  1. Sinengkuyung sagunging prawali
Janma tuhu sekti mandra guna
Wali sanga nggih arane
Dhihin Syeh Magrib tuhu
Sunan ngampel kang kaping kalih
Tri sunan bonang ika
Sunan giri catur
Syarifudin sunan drajat
Anglenggahi urutan gangsal sayekti
Iku ta warnanira

  1. Kaping nenem kanjeng sunan kali
Jaga raden mas Said parabnya
Nenggih kasapta candhake
Yeku jeng sunan kudus
Jakfar sidik syeh magribi duk taksih alit
Astha sunan muriya
Kang uga sinebut
Raden umar said ika
Jangkep sanga sunan gunung jati nenggih
Winastan fatahillah

SINOM



  1. Nulada laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wonga gung ing ngeksi ganda
Panembahan senapati
Kepati amar sudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karya nak tyas ing sasama
  1. Punika serat kawula
Katura sira wong kuning
Sapisan salam pandonga
Kapindo takon pawarti
Jare sirarsa laki
Ingsun mung sewu jumurung
Amung ta wekasi wang
Gelang alit mungging driji
Lamun sida aja lali kalih kula
  1. Bang bang wetan wus rahina
Wungua nggenira guling
Medala lawang butulan
Lawang gedhe den jageni
Wanci punapa iki
Wancine sawung kaluruk
Umyung swarane sat
Mager sari padha tangi
Wus rahina wong bagus enggal wungua
  1. Laksi tane janma tama
Ambeg rereh raras ririh
Tan tinggal duga prayoga
Riri ngatan sah liniling
Lamun micara manis
Netya sumeh semu arum
Tanggap nging nora calak
Kawignyan dineleh wuri
Ngarah arah nut wahyaning kala mangsa
  1. Sun iki dhutaning nata
Prabu kenya majapahit
Kekasih Damar Sasangka
Atma mantune ki patih
Magang anyar awak mami
Lahta bisma praptaningsun

Ingutus Sang Narpendah
Kinen mocok murdataji
Marmaningsun ingutus ywa mindho karya
  1. Tumraping warga negara
Marang dhasaring negari
Kang winastan pancasila
Aja nganti padha lali
Jalaran iku dadi
Pangiket ingkang satuhu
Mrih manunggaling bangsa
Beda-bedaning agami
Nora perlu padha kanggoregejegan
  1. Nadyan tekan jaman kapan
Jiwane pancasilais
Kanggo nggayuh karukunan
Myang tentreming lahir batin
Sabab ing jaman mangkin
Akeh wong kang wus anyingkur
Tumpraping pancasila
Iku eman-eman yekti
Kang ateges datan ngurmati pejuang
  1. Wewangsalan roning kamal
Pra anom den ngati-ati
Wreksa kang pinetha janma
Golek kawruh kang sajati
Kolik priya upami
Anganggowa reh kang tuhu
Kapika pasren karna
Gegelang munggwing dariji
Aywa tinggal miwah lali pariwarna
  1. Ing marga  tan kacarita
Ing geladhag sampun prapti
Laju lun alun utara
Sami ninggali waringin
Kagunganing narpati
 Dewadaru Jaya daru Pinacak suji tosan
Ngrembuyung rone ngayomi
Pating klawer salure nyela pang wreksa
  1. Waringin kembar tinilar
Mlaku-mlaku alon sami
Malebet gedhong njenggarang
Sasanawaka nami
Sinangga sakaneki
Cacah patang puluh wolu
Gyane para bupatya
Miwah sagung para mantri
Samya seba tinindhihan wrangkanata

Sumber :  http://pitajepang.wordpress.com/2013/01/07/kumpulan-tembang-macapat/

KINANTHI



  1. Nalikanira ing dalu
Wong agung mangsah semedi
Sirep kang balawanara
Sadaya wus sami guling
Nadyan ari sudarsana
Wus dangu nggenira guling
  1. Kukusing dupa kumelun
Ngeningken tyas kang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging saget angikipi
Sang resi kaneka putra
Kang anjog saking wiyati
  1. Kagyat risang kapirangu
Rinangkul kinempi-kempit
Duh sang retnaning bawana
Ya ki tukang walang ati
Ya ki tukang ngenes ing tyas
Ya ki tukang kudu gering
  1. Teka ndadak melu-melu
Kaya budine wong ceplik
Lali yen kalengkangningrat
Ing bawana amurwani
Mustikaning jagad raya
Dhemen lalen sangga runggi
  1. Sun iki ngembani wuwus
Dewa sang Hyang Hodipati
Bathara sukma kawekas
Sira ingkang den paringi
Nenggih maosadi lata
Panguripe wong sabumi
  1. Punapa tamirah ingsun
Prihatin was pagung mijil
Tuhu dahat tanpa karya
Sengkang rine mekan Gusti
Gelung rinusak sekarnya
Sumawur gambir melathi
  1. Midering rat angelangut
Lelana njajah negari
Mubeng tepi ning samodra
Sumengka anggraning wukir
Anelasak wana wasa
Tumuruning jurang trebis
  1. Giwanging surya mbok gunung
Teki kang pindho wlingi
Tan gumingsir prapteng pejah
Mung sira kang condhong budi
Peksi reng mangsa kunarpa
Sun dhandhang dadiya krami
  1. Sulung enjang dhuh mbok gunung
Pustaka pinudyeng krami
Ngur matiya raganingwang
Lamun tan bisa karonsih
Ancur kaca dhuh bandara
Kang dadi rasaning ati
  1. Bokor siti dhuh mbok gunung
Agawe cuwaning ati
Cirak arga munggwing wana
Krawitan selehing gendhing
Durung tutug jejagongan
Kasusu tinundhung mulih

Sumber : http://pitajepang.wordpress.com/2013/01/07/kumpulan-tembang-macapat/

MIJIL



  1. Duksamana durung ana listrik
Nganggo lampu teplok
Padhang mbulan tur akeh kancane
Tetembangan njoget genti-genti
Majune di gilir
Surak rame gupyuk
  1. Nggaru mluku nganggo kebo sapi
Durung ana traktor
Jam sepuluh teka kirimane
Bapa tani enggala nglereni
Nggone nambut kardi
Nuli mentas wisuh
  1. andhe dhuh biyung wayah apa iki
rembulan wus ngayom
ing gegana ting abyor lintange
titi sonya puspita kasilir
marutaris kengis
sumrik gandanyarum
  1. Padha dipun eling mring pitutur ing ngong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmila ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipun

  1. Dipun nedya prawira ing batin
Nanging aja katon
Sasabana yen durung mangsane
Kakendelan aja wani mingkis
Winika ing batin
Den samar ing semu
  1. Lan dimanteb mring panggawe becik
lawan wekasingong
aja kurang iya panrimane
yen wis tinitah marang Hyang Widhi
ing badan puniki
wis papancenipun
  1. Deda lanne guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkulla yen dipundukanni
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun
  1. Jawa tengah dadi lumbung pari
Asil gotong royong
Panca usaha katindakake
Para warga sarta para tani
Sregep nyambut kardi
Mamrih adil makmur
  1. Lanang wadon ora ana kari
Bisane kalakon
Kacukupan kang dadi butuhe
Kanggo srana anggone leladi
Labuh ing nagari
Bekti ing Hyang agung
  1. Poma kaki dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta waris

Sumber : http://pitajepang.wordpress.com/2013/01/07/kumpulan-tembang-macapat/

POCUNG



  1. Jrotyas wuyung nulat sekar gandanya rum
Angrerujit nala
Lina lutan bangkit lalis
Tulus lalu lila lamun pinetika
  1. Iya mathuk bakal ya tansah kepethuk
Tinemune nyata
Yekti marga isi-isi
Wite dhuwur angel tumi-tumiyungna
  1. Yen satuhu arum njawi lebetipun
Tan nganggo pulasan
Mongka sudarsana yekti
Aweh mulya ngambar gandane kusuma
  1. Bapak pocung cangkemmu marep mandhuwur
Saba mu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pocung mutah guwaya
  1. Angkara gung neng angga agung gumulung
Gegolonganira
Tri loka kere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
  1. Pangajabku duwe gegayuhan luhur
Mandhegani bangsa
Mbrastha kemiskinan yekti
Swasembada murah sandang pangan papan
  1. Yen wus iku nagri kita bakal maju
datan ketinggalan
lan bangsa mancanegari
ja kesuwen dadi negara berkembang
  1. Bapak pocung dudu watu dudu gunung
sabamu ing alas
ngon ingone sang bupati
prapteng marga si pocung lembehan grana
  1. Bapak pocung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Si pocung dadi dahana
  1. Bapak pocung dudu tampar dudu dadhung
Dawa kaya ula
Penclokanmu kayu garing
Prapteng griya si pocung ngetokne cahya

Sumber : http://pitajepang.wordpress.com/2013/01/07/kumpulan-tembang-macapat/

PANGKUR

  1. Kanjeng sunan kali jaga
Ingkang ngripta kang dandhang gula yekti
Sunan gunung jati pocung
Njeng sunan bonang durma
Maskumambang yeku sunan maja agung
Tembang mijil ingkang ngripta
Sunan geseng asmane ki
  1. Sunan giri smarandana
Datan kantun sunan pajang kinanthi
Sunan murya padha pangkur
Dene sinom kang ngripta
Datan sanes njeng suna giri rumuhun
Megatruh iku kang yasa
Nenggih kanjeng sunan giri
  1. Sekar pangkur kangwinarna
Lelabuhan kang kanggo wongaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
  1. Deduga lawan prayoga
Myang swatara riringa aywa lali
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggalan
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Ngucap meneng anendra
Duga-duga nora kari
  1. muwah ing sabarang karya
ingprakara gedhe kalawan cilik
papat iku datan kantun
kanggo sadina-dina




lan ing wengi nagara miwah ing dhusun
kabeh kang padha ambegan
papat iku nora lali
  1. Kalamun ana manungsa
Anyinggahi dugi lawan prayogi
Iku watege tan patut
Amor lawan wong kathah
Wong deg sura daludur tan wruh ing edur
Aja sira pedhak-pedhak
Ora wurung meniwasi
  1. Mapan wataking manungsa
Pan ketemu ing laku lawan linggih
Solah muna-muninipun
Pan dadya panengeran
Kang ngapinter kang bodho miwah kang luhur
Kang asor lan kang mlarat
Tanapi manungsa sugih
  1. Heh padha mongsapa dhaa
Damarwulan tangya sun enteni
Iki uru bisma prabu
Wong sekti mondra guna
Kalok ingrat pilih tandhing ing prang pupuh
Sura mrata jaya mrata
Tau tate angentasi
  1. Surya candra lan kartika
Jurang harga myang wening jalanidhi
Yekti mawa pasang surut
Ywa maneh tamung sira
Yen kalisa owah gingsir ing tumuwuh
Ratri rina sore beda
Baya tan susah pinikir
  1. Jirak pindha munggwing wana
Sayeng kaga we rekta kang muroni
Sinambi kalane nganggur
Wastra tumrap mustaka
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
Baon sabin ing nawala
Kinarya langen pribadi

Sumber : http://pitajepang.wordpress.com/2013/01/07/kumpulan-tembang-macapat/

Lindri


Lindri adang telung kathi
Lawuhe bothok ten
Njur dipenet-net
Njur diemplok-plok
Ya mak telep-lep
Pacak gulu janggreng
Adhuh yayi sendhal pancing

Sumber : http://rudy-cheyonkz.blogspot.com/2011/05/lirik-tembang-tembang-dolanan.html

Barat Gedhe


Cempe-cempe barata sing gedhe
Dak upahi duduh tape
Cempa-cempa barata sing dawa
Dak upahi duduh klapa
Cemper-cemper barata sing banter
Dak upahi duduh lemper

Sumber : http://rudy-cheyonkz.blogspot.com/2011/05/lirik-tembang-tembang-dolanan.html

Turi-turi putih


Ditandur neng kebon agung
Duwe bojo ora tau mulih
Sabane mung turut warung
Mbok ira-rnbok ira
Mbok ira kembange apa
Kembang-kembang mlathi
Ditandur neng tamansari
Anak bojo kudu diopeni
ing tembene bisa migunani
Mbok ira-mbok ira
Mbok ira kembange apa

Sumber : http://rudy-cheyonkz.blogspot.com/2011/05/lirik-tembang-tembang-dolanan.html

Kembang-Kembang


Kembang blimbing mbing maya-maya ya
Kembang pelem wujude ingklik ketela
Kembang kacang lan kara padha kupune, lha kae
Kembang pring blas-blasan kaya carange
Kembang jambu lan randhu metu karuke, lha kae
Dhasar blanggreng Si kopi pemacakira
Dhendheng Kenthing
Dhendheng kenthing thing
Sambel lonthang thang
Kakang mendhak yen mendhak ulung-ulungan
Jenang telaka gendhis mawi kalapa, aoa
Caosena temanten krenteg kawula
Benguk wana kecipir wungu kembange, aoe
Rowa rawe temanten ketemu sore.

Sumber : http://rudy-cheyonkz.blogspot.com/2011/05/lirik-tembang-tembang-dolanan.html

Witing Klapa


Witing klapa jawata ing ngarcapada
Salugune wong wanita
Adhuh ndara kula sampun njajah praja
Ing Ngayogya Surakarta.
Lesung Jumengglung
Lesung jumengglung
Sru imbal-imbalan
Lesung jumengglung
Manengker mangungkung
Ngumandhang ngebegi
Sajroning padesan
Thok thok thek thok thok gung
Thok thok thek thok thek thok gung
Thok thok thek thok thok gung
Thok thok thek thok thek thok gung

Sumber : http://rudy-cheyonkz.blogspot.com/2011/05/lirik-tembang-tembang-dolanan.html

Jago Kluruk


Ing wayah esuk, jagone kluruk
Rame swarane pating kemruyuk
Wadhuh senenge sedulur tani
Bebarengan padha nandur pari
Srengenge nyunar kulon prenahe
Manuke ngoceh ana wit-witan
Paling cemruwit rame swarane
Tambah asri donya saisine

Sumber : http://rudy-cheyonkz.blogspot.com/2011/05/lirik-tembang-tembang-dolanan.html

DHONDHONG APA SALAK


Dhondhong apa salak
Dhuku cilik-cilik
Andhong apa mbecak
Mlaku dimik-dimik

Sumber : blogger.com/

GUNDUL-GUNDUL PACUL



Gundul-gundul pacul..cul, gemelelengan
Nyunggi-nyunggi wakul...kul, gemelelengan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan

Sumber :  blogger.com/

MENTHOK-MENTHOK



MENTHOK-MENTHOK
Menthok-menthok tak kandhani
Mung solahmu angisin-isini
Bokya aja ndheprok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Methok-menthok
Mung lakumu megal-megol gawe guyu

Sumber : blogger.com/

Jaranan



Jaranan
Jaranan- jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei
sing ngiring para mentri
Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg gedebuk krincing
Gedebug jedher
Gedebug krincing
Jeg-jeg gedebuk jedher