Mangga

Minggu, 30 November 2014

AKU ANA ING SELANING ANGIN
Dening : Fatkhul Izah
(cerkak)

Ing antaraning srengenge arep angslup, bali ana ing panggonane. Manuk-manuk padha mabur karepe dhewe, muter ana ing dhuwur omah awujud kos-kosan kang katon endah. Ing omahe kuwi ana bocah wadon lagi ngalamun dhewe ing plataran kos sing ora patia amba, mripate kosong nyawang srengenge kang katon werna orange, endah lan sayu-sayu. Bocah wadon kuwi jenenge Azzah.
Azzah ngalamun karo nyekeli foto jaman isih nganggo sragam putih lan abu-abu. Gambare dheweke karo kanca-kancane jejeran ing ngarep kelas. Katon bungah banget, awit saka gambare sing padha gemuyu. Foto iku, dijupuk setahun kepungkur, nalika ameh persiapan perpisahan SMA-ne Azzah. Katon ana sing nyeleneh saka foto iku, ana salah siji kang dibunderi ing wajahe, bocah lanang ora pati lemu, dhuwur lan klimis rambute. Yaiku sing jenenge Andhy.
Iya, jaman SMA. Jaman-jamane padha seneng dolan, golek kanca okeh, seneng sinambungan karo perkara-perkara anyar. Ora nyalahi uga perkara katresnan. Andhy karo Azzah ora luput karo perkara siji kuwi. Nalika isih pisanan mlebu SMA, pas kuwi dina Senin. Azzah kesusu mlebu kelas amarga uwis telat. Saking kesusune Azzah mlayu seka parkiran nganti ora delok apa-apa ing ngarepane, pas ameh mlebu kelas, Azzah nabrak Andhy nganti buku sing digawa tiba kececer kabeh.
“Aduh, nuwun sewu inggih mas, kula kesesa” ujare Azzah jaluk ngapura.
“Iya wis rapapa, liya dina luwih ati-ati ya, oh iya, aja nyeluk mas, aku padha kelas 10 e karo kowe” walese Andhy marang Azzah karo ngguyu. “oh, iki bukumu” karo ngewenehne buku,nanging ora didelok jeneng bukune.
“Yawis mas, mangga, matur nuwun” Azzah cepet-cepet mlebu kelas.
Azzah banjur mlayu meneh. Teka jero kelas jebul gurune durung rawuh. Dina kuwi pelajaran kaping pisan yaiku Biologi. “Zah, nyilih buku catetanmu wingi” jaluke Ifah kanca samejane. “Iya iki” tembunge Azzah karo ngelungke bukune.
“Kowe guyon apa piye ki? Kok jeneng bukune Andhy” takone Ifah karo bingung.
“Haah.. Andhy!” Azzah kaget, ngrebut bukune. “Ya Allah, iki mesthi kijolan karo bukune mase mau. Mau aku kesusu mlebu kelas, dadine mlayu, la pas ana ing ngarep kelas tabrakan karo bocah lanang, bukune padha tiba kabeh. Mesthi iki kijolan” kandhane Azzah cerita.
Liya dina Azzah balekake bukune Andhy. Kawit saka dina kuwi Andhy lan Azzah dadi kekancan cedhak. Apa meneh sakwise ngerti yen biyene bapake Azzah pernah tugas bareng karo bapake Andhy ana ing Surakarta. Nanging sakiki bapake Azzah wis dipindah tugas. Azzah karo Andhy kerep mulih sekolah bareng. Ora mung mulih sekolah bareng nanging, uga dolan bareng. Andhy uga kerep dolan ana ing omahe Azzah. Bapak lan ibune uwis kenal Andhy lan wong tuwane Andhy cedhak. Ora mung kuwi Andhy karo Azzah padha-padha anggota pramuka ing SMA.
Setaun Andhy lan Azzah kekancan cedhak. Ana rasa kang ora isoh diomongne nganggo lambe. Ana rasa kang uwoh ing selaning kekancan. Dina kuwi Jumat, 1 Juli 2011. Azzah ulang tahun kaping 16, Andhy ngewenehi kejutan dinggo Azzah. Jam 12 wengi Andhy karo kanca-kancane Azzah mara ing omahe Azzah, sakdurunge uwis janjian karo bapak lan ibune Azzah. Andhy teka nggawa kue ulang tahun. Lan ngewenehi kado kura-kura cacah lara. Andhy iya ngewenehi surat kanggo Azzah. Isine diajak ketemuan Jumat sorene ana ing sanggar pramuka SMA. Awit Andhy karo Azzah padha-padha anggota pramuka SMA.
Jumat 1 Juli 2011 jam 15.00 WIB. Azzah teka ing sanggar, nanging ora kaya biyasane. Sanggare sepi, ora ana bocah-bocah sing biyasane padha kumpul. Sakwise melbu sanggar, lampune ngerti-ngerti murup. Ing papan ana tulisan “AKU TRESNA KOWE”. Andhy lan kanca-kancane padha metu.
“Jawaben apa kang ana ing papan kuwi” panjaluke Andhy.
Azzah meneng sedela. Sakwise padha meksa Azzah lagi gelem jawab “Iya, aku uga” liyane padha tepuk tangan lang ngguyu. Andhy katon sumringah banget. Kawit dina kuwi Andhy lan Azzah pacaran. Kaya bocah nom-noman jaman sakiki. Padha kepincut perkara katresnan.
Lakuning Azzah lan Andhy iya warna-warna, ora mung seneng, ana wayahe padhu lan nangis-nangisan. Nanging ora marai bubar anggone padha sinambungan. Ora nyangka uwis setaun Azzah lan Andhy sesambungan kaya mengkono. Dina kuwi lulusan SMA, bubare pengumuman Andhy, Azzah lan kanca-kancane padha mangan-mangan ing warung cedhak SMA. Ana ing pojokan padha ngomongke ameh padha kuliyah neng ngendi. Andhy lan Azzah uwis rencana ameh melu SBMPTN, ameh milih universitas negeri ing Semarang.
Kaletan kira-kira rong sasi saka acara perpisahan, ana pengumuman SBMPTN. Azzah ketampa ing universitas negeri ing Semarang jurusan basa jawa. Nanging, Andhy ora katut. Dina kuwi 9 Agustus 2013 jam 09.00 WIB  Andhy lan Azzah ketemu ana ing taman Balekambang, amarga seminggu maneh Azzah bakalane mangkat menyang Semarang.
“Zah, seminggu maneh kowe mangkat ing Semarang, kuliyah sing tenanan, aja banjur mulih wae ya, oh iya, nek kowe kangen karo aku, lunga o ning panggonan kang angine okeh sumribit. La, aku ana ing selaning angin kuwi mau, aku katut karo mabure gegodhongan amarga angin kuwi.” Kandhane Andhy marang Azzah.
Azzah banjur mesem, “Iya ndhy, kowe ning kene ya ngati-ati, matur nuwun sakkabehane”.
Tanggal 10 Agustus 2013, Dina Sebtu, Azzah nganakake acara perpisahan ing omahe. Mung acara mangan-mangan karo kanca-kanca SMA lan kaluwarga. Acarane wiwit saka jam 19.00, Azzah katon ora sumringah, atine ora tenang, kaya-kaya pingin nangis. Amarga Andhy, sesambungane ora teka ana ing acara kuwi. Banjur ditelpon, disms ora ana walesane. Malah nomere ora aktif, sangsaya wengi Azzah ora maneh sedih naging nambah dadi nesu-nesu dhewe. Acara perpisahan wengi iku dadi ora nyenengke atine.
Sawise acara jam 22.00, Azzah ditelpon dening ibune Andhy. “Sing sabar ya nduk, oleh mu ngenteni Andhy. Andhy mau meling ibu kanggo jagani awakmu.” Sanjang ibune Andhy.
“Nuwun sewu bu, menika Andhy wonten pundhi inggih? Wonten menapa boten pangkat wonten griya kula?” pitakonane Azzah, nanging ora ana jawaban. Azzah terus meksa marang ibune Andhy. Karo nangis ibune jawab, “Andhy bar kecelakaan Zah. Sakiki ana ing rumah sakit”
Ora mikir apa-apa banjur Hpne dipateni. Azzah mangkat menyang rumah sakit, dikancani bapak lan ibune. Ing dalan ibune Azzah terus telpon-telponan karo bapake Andhy. Ana setengah jam, Azzah lan wong tuwane teka ing rumah sakit. Nanging, uwis telat anggone teka. Ibu karo bapake Andhy uwis udan tangis ana ing kamar ICU. Wengi iku Andhy bali menyang ngarsanipun Gusti Allah SWT.
Andhy tabrakan nalika mangkat menyang omahe Azzah, Andhy mlebu ICU. Nanging Gusti ngendika liya, Andhy ora bisa dislametke maneh. Sing uga marai lara, saka kecelakaan kuwi Azzah lagi mudheng yen Andhy lara tumor otak. Ana ing panggonan tabrakan polisi menangi kotak, isine foto lan kertas. Tulisane
Zah, isih kelingan karo omongku ta? Nek kowe kangen karo aku lungao ing panggonan sing akeh angine. Aku ana ing selaning angin, kegawa gegodhongan, aku teka ana ing kana, marani kowe. Kuliyah sing bener, aja banjur pingin mulih wae. Kowe kudu dadi guru kaya cita-citamu dhisik. Anane aku nulis iki, gen kowe iling karo aku terus. Tersanku dudu mung tresna kaya boca nom-noman liyane. Mugi Gusti Allah paring kaslametan kanggo kowe. Aja lali sing mesem, ana apa wae ing panggonanmu sakiki diladeni kanthi sareh ya. Dongaku marang sliramu ora pedhot. Matur nuwun kanggo sakkabehane. Aku sayang marang kowe, dhek wingi, sakiki lan sakteruse.
Srengenge wis angslup, wengi tumeka ngancani Azzah sing lagi ketekan kangen. Andhy ana tenanan ana ing selaning angin. Mabur karo gegodhongan. Nekani ati sing nandhang kepinginan ketemu. Ara krasa Azzah nangis ing jero kamar. Ngelingi kadadeyan setaun kepungkur. Andhy bakalane terus urip ning atine. Lan kabecikane bakalan dadi tinggalan ingkang okeh manfaate. Ora mung kanggo Azzah, nanging uwong tuwa lan kanca-kancane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar